0 komentar

Ngringga Praja


Unen-unen iki njelasake pakertine pawongan kang ora seneng golek perkara utawa tembung gampange wong kang tansah njaga awake.
Adat sabene pawongan kang nduweni sifat mengkana ora seneng turut
campur marang urusane liyan. Pramila wong kang kaya mengkana kancane akeh amerga tansah gawe seneng marang sapada-pada.
Nanging kala mangsane pawongan kaya ngana, ora bisa dinggo sembranan, amerga yen wus kadung nesu ora bisa dipenggak.
Apa sing ana nang ngarepe bakel dibabat sanalika.
Tuladhane kaya lelakune Panca Pandhawa kang tansah njaga paseduluran karo Kurawa.
Senajan anggone mersudi sayuk rukune peseduluran, supaya bisa ngudhar praja kanthi edipeni ora tau kasil kanthi legowoning penggalih, amerga Kurawa tansah dipanas-panasi dening Sengkuni yaiku adhine Gendhari biyunge Kurawa dewe.
Nanging senajan niate Panca Pendhawa kang tansah nemoni cidra, nanging kabeh wau ora gawe wurung.
Malah tetep wae Panca Pandhawa njaga supaya pesedulurane karo Kurawa langgeng.
Sejatine pengene Panca Pandhawa tansah terus martelakake dalan supaya tetep bisa raket
kanthi pasugatan lan bebrayan kang nentremake. nanging Kurawa wus ora pada penemune.
Mergo anggone Panca Pandhawa leh golek pangudaran kang becik ora bisa katempuh.
Pramila kanggo nuntasake congkrah ing Ngastina banjur digelar Perang Baratayudha.
Ing kana Kurowa dirampungi lan kamenangan ing nggone Panca Pandhawa.
Sejatine lelaku kui mau dadi kaca benggala marang sapa wae, supaya anggone nglakoni jejibahane urip tansah bisa njaga awake dewe-dewe, sokor-sokor uga bisa njagani liyan, ya njaga lahir ya batine.
Apa maneh marang sedulur dewe. Merga sakikine akeh dulur karo dulur kang pada congkrah ngrebutake dunya.
Malah akeh kang pada paten-pinaten gara-gara mung pada rebutan warisan. Met amet jabang bayi.
READ MORE
0 komentar

Gunungan Grebeg Mulud, Pitandha Sukur Lan Ngalap Berkah


Grebeg Mulud dadi pitandha pungkasane acara Sekaten kang wus dadi hajadan rutin Keraton Surakarta Hadiningrat (24/1). Acara iki nduweni tujuan kang mulya yaiku hajad ingkang dalem Sinuwun Pakubuwono lan tandha sukur dumatheng Gusti Kang Maha Welas, kabeh wau ingkang ditandhani kanthi metune 4 Gunungan, 2 Jaler lan 2 Estri.
Miturut panitiya acara kang diketuani dening KRMH Satriya Hadi Negoro bilih, puncake pengetan Sekaten utawa Grebeg Mulud yaiku kang mligine digelar ing 12 rabingulawal lajeng didhalake sepasang gunungan jaler lan estri. Pinangka perlambang kemakmuran kang dadi hajade ingkang dalem Sinuhun Pakubuwono lan awujud syukur dumatheng Pengeran Kang Maha Agung kagem sedaya lumebering nikmat lan rahmad ingkang dipusatake ing Mesjid Agung Kraton Surakarta. Supaya bisa dijuphuk hikmahe kanggo sedaya rakyat, lan kapurih  sageta memayu hayuning bawana “Rohmatanlil’alamin” kasejahteraan kaggo jagad semesta alam. Nglurusake ingkang mbengkong, ngleresi ingkang klentu, lan paring nur cahya kaggo sedayane ingkang peteng ndedhet. Pramila niat kang mulya kabeh iku mau aja nganti disalah artekne.
Ing perayaan Sekaten 2013 iki diramekake dening Keluarga Keraton Surakarta Hadiningrat piyambak, sekabehane Abdi Dhalem, lan wong-wong kang cacahe ewonan. Wiwit esuk wong-wong kang akeh-akehe asale saka tlatah Klaten, Boyolali, Karanganyar, Sragen, Wonogori lan sapiturute, wus pada jejer ing ngarep Kraton Surakarta Hadiningrat. Nunggu Gunungan Grebeg Mulud lan arak-arakane metu. Nanging amerga owah saka rencana awale bilih Gunungan bakal ditokake jam 10.00 WIB. Malah molor suwene luwih saka 30 menitan. Nanging kahanan kang panas lan wong kang pada desel-deselan amerga sakakehe wong pada tumplek blhek dadi siji ing Kraton Surakarta lan sak kiwo tengene. Kabeh mau ora ngurangi semangat lan karepe wong-wong kang pada teka ing Grebeg Mulud Keraton Surakarta Hadiningrat.
Sakdurunge diwiwiti wong-wong mau pada ngumpul nang ngarep Kraton. Malah ana sing meh pada mlebu Kraton. Hananging ora bisa kelakon amerga pada sandalan, kudune wong kanga rep melbu Kraton nganggo sepatu apa malah nyeker sisan. Nanging, sakliyane kuwi uga kudu nganggo kalung srempang werno kuning abang kanggo pithanda kaya dhene Kertu Ijin Mlebu. Malah ana sing ngedol kanggo srempang wau datheng para pawarta berita supaya bisa mlebu ing Keraton Surakarta.
Senajan abdi dhalem lan panitiane lagi pada tata-tata, nanging wong-wong wus pada ngebaki dhalan kanggo mlebu metu pantia kang isih pada nyepakake kaperluane kanggo gawe Gunungan ing Grebeg Mulud Keraton Surakarta. Kaya pager urep wong-wong mau jejer ngiwa nengen. Nganti ora bisa kepiyak sithik-sithika babar blas. Para juru Foto senajan pada kewuhan tetep pada nekad. Sak wuse gunungan metu saka Keraton banjur Gunungan diarak nang Mesjid Agung Surakarta. Sakakehing wong mau pada ngetutake nganthi gawe macete dhalan, malah wus ana wong kang siap-siap ngrayah gunungan. Uga ana sing wus pada nunggu nang Mesjid Agung Surakarta. Malah sakdurunge didongani wus ana sing meh pada ngrayah meneh kanggo ngalap berkah.
Sakwuse diwacakake donga kanggo kewilujengan. Gunungan dadi rayahan nganti kaya perang. Ora pria ora wanita pada tengkrekan pager, pada ngrayah Gunungan. Malah ana cah cilik-cilik kang pada nangis amerga kepelenet wong kang pada rebutan Gunungan. Ora kumanan panganane, banjur pada ngrayah janur, godhong, biting, kayu lan apa wae kang ana ing rangkane gunungan. Malah larahan kang iseh patheng pececher ing sak kiwa tengene Mesjid jek pada disurut.
Kaya dene niate Ibu Ndari (40 tahun) saka Boyolali kang katon adus keringet bubar rebutan Gunungan ing ngarep Mesjid Agung, “Ben berkah lan wilujeng slamet mas. Sing penteng percaya og mas,” jlentrehe Bu Ndari kang keraya-raya ngajak putri kelorone kang katon bingah lan sumringah amerga antuk apem, kayu tungkel lan janur kang disinggahake kanthi rapet. Amerga yen nganthi ngerti wong liya bakal direbut maneh.
Senajan rebutan gunungan wus bubaran, nanging ing ngarep Kraton Surakarta kang ditatani nganggo janur kaya wong ndue gawe kae. Ora kales saka wong kang pada ngrayah. Kaya dene Ngatmo (56 tahun) saka tlatah Klaten, “Aku lagi pisan iki nang sekaten mas, ning rencanane tahun ngarep yen dawa umurku bhakal budhal maneh. Panjalukku supaya bisa wilujeng slamet wae mas.” Jarene Ngatmo karo nguwel-uwel janur.
Kapercayan marang apa-apa kang bisa pareng berkah kaya dene kang wus dadi rebutan ing Gunungan Grebek Mulud iku mau hanamung lantaran. Amergo intine Sekaten ora liya kajaba kanggo mengeti dina lahire Kanjeng Nabi Muhammad SAW, lan kang bisa paring berkah lan kesaenan ora ana liya kajhaba Gusti Allah Kang Murbehing Dumadi. Mekaten.
Ahmad Yasin Abdullah.

READ MORE
0 komentar

Idu Geni


Unen – unen iki njelaske pakertine wong kang waskito lan malati, ukoro tembung gampange mandi omongane. Adata sabene wong kang ndeweni sifat mengkono jujur lan tansah njogo opo kang dadi krenteke atine. Sebab yen nganti ngocap sakecap rong kecap ing babakan kang biso gawe sengsorone liyan bakel kadhdean ing kasunyatan.
Tulodhone koyo lakune Resi Kindama ing kitap Mahabarata utowo Adiparwa babakan kapisan kang ngisahake nalikone Resi Kindama nggauli bojone kanthi awujud Kidang banjor keno panehe Pandu kang dilakoni kanthi ora sengojo. Hananging amergo Resi Kindama yaiku salah sawijining Brahmana kang mandi omongane. Sajeroning akhir ajalipun Resi Kindama banjur nyedakake Pandu ewodene mbesok Pandu ugo bakal mati yen nganti nggauli bojone. Lanjeng, kanthi geton kang banget Pandu banjur ninggalake tahto Hastinopuro lan miwiti pertapan ing Alas ben biso ngurangi howo nefsu.
Lelakon kuwi mau dadi kacabenggolo  marang sopo wae, supaya anggone nglakoni jejibahane urip ora gampang ngocap utowo rerembukan kang biso ndhadekake sengsarane lan rugine liyan. Sebab sak liyane bakal gawe susah malah gur gawe ilange jiwa kastrian kang biso nampi kanthi legowone manah opo kang wus ginaris saking Sang Hyang Wenang.

READ MORE
0 komentar

Dewi Kunthi, Wanito Kang Ngrumati Ponco Pendhowo


 
Dewi Kunthi sejtine nduwe asma Prita, putri Suraseno sepupu Raja Kuntibhoja saking dinasti Yudha. Amergi Rojo Kuntibhoja mboten nggadahi putra. Pramilo Surasena nyerahake putrinipun kalian Raja Kuntibhoja. Kagem dados putri angkatipun Raja. Wiwitipun dados putri Raja Kuntibhoja mulo Pritha nggadahi asma Kunthi. Ing kisah Mahabarata Kunthi dipun gambaraken dados wanito kang ayu banget ora mung lahir hananging ugo batine. Ing sajerone kasempurnan kang digadahi Kunthi, miturut Resi Durwasa Kunthi nggadahi setunggal keapesan yaiku angel anggone nduwe keturunan. Supados kales saking keapesane meniku. Pramilo Resi Durwasa maringi mantro Pangarad kagem ndhatengaken Para Dewo kagem dipun suwuni supados maringi putro wayah. Sakderengipun bebrayan kalian Raja Pandhu, mantra Panggagrad iku mau dipun ujekake kalian Bethara Suryo.
Banjur Bathara Suryo hanetepi opo kang dadi panjaluke Dewi Kunthi hananging lewat soko pangrungonipun. Pramilo asmonipun putro engkang laher meniko Karno. Sak sampunipun dados permaisurinipun raja Pandhu mantra panggagrad meniku wau dipun ginakaken maleh kagem ndhatangaken Bathara Dharma, Bathara Bayu lan Bathara Indra. Saking katelu dewo meniku wau banjur lahir Dharmowongso, Bima, lan Arjuno. Garwonipun Raja Pandhu engkang asma Dewi Madri ngalheraken Nakula lan Sadhewa kanugrahan dewo kang kembar engkang nggadahi asma Dewa Aswin. Saking kalimo sedulur putro Pandhu meniku wau engkang kasebut Panca Pandhowo.Sak sampunipun Pandhu kalian Dewi madri sedo. Pramilo Dewi Kunthi kang dados pananggungjawabipun Panca Pendhowo. Kabeh mau sejatine wus dadi panetepe Sang Hyang Widhi kanggo nurunake pemimpin kang tepak kanggo nglindungi Ibu Pertiwi saking kahancuran.
READ MORE
0 komentar

SEKATEN, BAKDHONE WONG DAERAH


Sekaten kang minongko sawijining ritual budoyo kang ajeg dipun pengeti kalian Keraton Surakarta Hadiningrat iku sejatine wus dipun pengeti saking jamanipun Sultan Syah Alam Akbar Jumbun Sirullah Brawijaya (Raden Patah) ing tlatah Demak. Dene sajeroning waktu sakmeniko Raden Patah ngedekake Mejid Demak kang dipun pimpin langsung kalian Walisongo kang rampung ing tahun 1403 soko. Mejid iku banjur diagem kangge mengeti dinten kelahiranipun Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW kang umumipun dipun kenal kang kasebat Maulid Nabi. Kanthi pertandho dipun tabuhe gamelan pinongko sawijining caro lantaran kanggo syiar lan dakwah kanthi ngginakaken tunggangan sosial budoyo kang dipun cedhaki. Sebab Raden Patah tansah nyadari bileh segenep masyarakat taseh remen lan nggemari gamelan. Pramilo kagem ngalestarekaken budoyo sekaten ing tanggal 5-12 bulan rabingulawal (dinten lahiripun Kanjeng Nabi Muhammad SAW) kang luhur puniko Kraton Surakarta taseh ngelajengaken budaya sakmeniko. Senajan to Solo meniku kondangipun Islam Kabangan nanging malah biso mengeti dinten kelahiranipun Nabi Agung Muhammad kanthi meriah sanget koyo kang biso dipun tingali ing Sekaten sakmeniko.
Artosipun Sekaten dipun terangaken dadi rong perangan yoiku Kaping setunggal, injih meniko kalih kalimat keseksen kagem ngeyakini kalih bab ingkang leres, yaiku; Shahdat Tauhid kang tegese kemantepaning manah dhateng kamanunggaling Gusti “LAILLAHAILALLAH” artosipun ora ono sesambahan densinembah kacobo Gusti Allah. Lajeng, Shadatan Rosul = kamantepaning manah kalian utusanipun Allah yaiku “Muhammadar Rasulullah” bilih yekti Muhammad iku utusanipun Allah. Ingkang kaping kaleh sakmeniko “Skhotaini” kang tegese nggadahi budi pakerti kang becik kelawan sekabehaning menungso lan nindakaken ngibadah dumatheng gusti Allah. Ugo saged dipun artosi ngilangaken watak kewan lan watak setan kang tansah nggoda lan njlomprongake manungso marang tumindak kang mboten trapsilo.
Gamelan Kyai Guntur Sari kang dipun cawesaken ing bangsal kidul engkang dipun tabuh kapisanan kanthi gending “Rambu” kang artosipun “Robbuna” tegese Allah kang kawulo sembah. Gamelan Kyai Guntur Madu kang dipun cawesake ing bangsal lor kanthi gending “Rangkung” saking boso arab “Raukhun” tegesipun jiwo kang agung. Puncak pengetan sekaten utowo Grebeg Mulud yoiku tepak ing 12 rabingulawal lajeng dipun medhalaken sepasang gunungan 9 jaler lan estri. Perlambang kemakmuran kang dados hajadipun dalem Sinuhun Pakubuwono lan awujud syukur dumatheng Pengeran Kang Moho Agung kagem sedoyo lumebering nikmat lan rahmad ingkang dipun pusataken ing Mesjid Agung Kraton Surakarta. Supados sageto dipun pendhet hikmahipun kagem sedoyo rakyat supados sageto memayu hayuning bawono “Rohmatanlil’alamin” kasejahteraan kagem jagad semesta alam. Nglurusaken engkang mbengkong, ngleresi ingkang klentu, lan paring nur cahyo kagem sedoyonipun ingkang peteng ndedhet.
Miturut panjelasane KRMH Satrio Hadi Negoro salaku ketua pelaksana maleman sekaten, sejatine sekaten iku mau asline mung 7 dino. Hananging ing wedal sakmeniko Sekaten ora mur kanggo mengeti adat, hananging ugo kanggo peningkatan ekonomi lan doyo tarik pariwisata. Mulone wedale dipun longgarake. Koyodene dakwahe Walisongo kang biso ngrebut atine rakyat saknuswantoro tanpo ono setetes geteh kang ngregeti bumi pertiwi meniko. Pramilo pengetan Sekaten iki ugo ngugemi welingipun Ngarsodhalem, bileh Sekaten angsal dipun kelola kanthi professional minongko tetep njogo kawulo alit supados biso ndatengaken rejeki. Pramilo stan utowo papan kanggo dhagangan dipun toto dadi rung perangan yoiku ing Pagelaran kagem pedagang kang nduweni modal gedhe lan ing Alun-alun kagem pedagang kang modalipun alit. Reginipun stan inggih meniko maneko warno wiwit saking satus seket ewu rupiah nganthi rong yuto rupiah. Mulo ing sekaten sakmeniko rakyat tumplek blek dadi siji koyo dhene Bakdho. Amergi sekaten sakmeniko sejatine Bakdhonipun tiang daerah. Ingkang bebakulan ugo saged marsudi daganganipun. Lan ingkang badhe mlampah-mlampah ora mung maningali gleger kang rame hananging tansah eling marang Kanjeng Nabi kang minulyo. Amergi tunggangan budoyo kagem dakwah lan syiar meniko taseh dipun uri-uri koyo dene gamelan mlebet mesjid, gamelan mboten dipun tabuh sakjeroning dino jum’at amergi jum’at meniko dinten kangge ngibadah, lan symbol-simbol sekaten kang tansah biso ngelingake sedoyo pengunjung marang Gusti kang murbehing dumadi. Saklentunipun sekaten ugi saged paring tambah pemasukan kagem PAD (Pendapatan Anggaran Daerah) saking retribusi tontonan lan parkir. Amergi Sekatenipun Surakarta benten kalian Sekatenipun Ngayogyakarta kang dipun sengkuyung kalian APBD hananging rego stanipun larang sanget. Sekaten teng Solo mboten dipun sengkuyung APBD hananging regi stanipun cumandhak marang sedoyo kalangan. Mekaten.
READ MORE
0 komentar

Petilasan Keraton Kartasura Kang Banget Mprehatenake


Patilasan Kraton Kartosura kang mapan ing Dusun Pucangan, Kartasura, Sukoharjo, Jawa Tengah iki sejatine penting banget kadudukane ing jagad babad keraton Mataram. Hananging sakiki koyo-koyo ra ndueni aji babar blas. Bukti-bukti kawontenane Hiyo iku Pager Bato kang ditoto sakduwure 3 meter lan kandele setengah meter. Isih katon ngadek hananging glegere ra teratur lan akeh tanduran mrambat kang ngremboko. Mesjid Agung, Tangsi Kompeni lan Gedong Obat kang mbiyene papan kanggo nyimpen opium yoiku obat kanggo bom lan pluru ugo obat kanggo prajurit sakiki wus dadi pemakaman umum.
Miturut pak Haris engkang gadah gelar Raden Tumenggung Kerti Hastono selaku juru kunci petilasan Kraton Kartosuro, perhatian saking daerah Sukoharjo namung saking Pusat Benda Purbakala kang ndamelaken bangsal. Sak sampunipun mpun mboten wonten maleh. Kaleh nahan dodonipun kang nyandang loro jatung kang suwene wus enem wulan. Dheweke mprihatinke kahanan petilasan ingkang sami reget lan ora teratur. Amergi wus ora ono pemasukan babar blas, amergi makam sampun dipun tutup. Pengajian malam jum’at lan malam seloso kliwun ugo dipun tutup. Pak Haris namung nggantungaken saking pemasukan kotak amal kang akehe 30 ewu rupiah sewulan.
Makam keluarga keraton ingkang wonten ing petilasan inggih meniko, Raden Ayu Sedah Mirah, KPH Hadi Negoro, KPH Mloyo Hamiluhur, lan makam cikal bakal Mas Ngabehi Sutorejo kang katulis ongko 1816 ing nisanipun.
“Hananging kerabat kang nyekar saben tahunipun koyo-koyo yowes ora pati nggagas. Amergi pancene mbetahake dhana kang ora sithik menawi badhe ndandani. Milyaran arto ingkang dipun betahaken mas.” Ature Pak Haris kang nglajengake tugase bapakipun yoiku Raden Ngabehi Rukti Hastono.
 
READ MORE
 
;