Gunungan Grebeg Mulud, Pitandha Sukur Lan Ngalap Berkah


Grebeg Mulud dadi pitandha pungkasane acara Sekaten kang wus dadi hajadan rutin Keraton Surakarta Hadiningrat (24/1). Acara iki nduweni tujuan kang mulya yaiku hajad ingkang dalem Sinuwun Pakubuwono lan tandha sukur dumatheng Gusti Kang Maha Welas, kabeh wau ingkang ditandhani kanthi metune 4 Gunungan, 2 Jaler lan 2 Estri.
Miturut panitiya acara kang diketuani dening KRMH Satriya Hadi Negoro bilih, puncake pengetan Sekaten utawa Grebeg Mulud yaiku kang mligine digelar ing 12 rabingulawal lajeng didhalake sepasang gunungan jaler lan estri. Pinangka perlambang kemakmuran kang dadi hajade ingkang dalem Sinuhun Pakubuwono lan awujud syukur dumatheng Pengeran Kang Maha Agung kagem sedaya lumebering nikmat lan rahmad ingkang dipusatake ing Mesjid Agung Kraton Surakarta. Supaya bisa dijuphuk hikmahe kanggo sedaya rakyat, lan kapurih  sageta memayu hayuning bawana “Rohmatanlil’alamin” kasejahteraan kaggo jagad semesta alam. Nglurusake ingkang mbengkong, ngleresi ingkang klentu, lan paring nur cahya kaggo sedayane ingkang peteng ndedhet. Pramila niat kang mulya kabeh iku mau aja nganti disalah artekne.
Ing perayaan Sekaten 2013 iki diramekake dening Keluarga Keraton Surakarta Hadiningrat piyambak, sekabehane Abdi Dhalem, lan wong-wong kang cacahe ewonan. Wiwit esuk wong-wong kang akeh-akehe asale saka tlatah Klaten, Boyolali, Karanganyar, Sragen, Wonogori lan sapiturute, wus pada jejer ing ngarep Kraton Surakarta Hadiningrat. Nunggu Gunungan Grebeg Mulud lan arak-arakane metu. Nanging amerga owah saka rencana awale bilih Gunungan bakal ditokake jam 10.00 WIB. Malah molor suwene luwih saka 30 menitan. Nanging kahanan kang panas lan wong kang pada desel-deselan amerga sakakehe wong pada tumplek blhek dadi siji ing Kraton Surakarta lan sak kiwo tengene. Kabeh mau ora ngurangi semangat lan karepe wong-wong kang pada teka ing Grebeg Mulud Keraton Surakarta Hadiningrat.
Sakdurunge diwiwiti wong-wong mau pada ngumpul nang ngarep Kraton. Malah ana sing meh pada mlebu Kraton. Hananging ora bisa kelakon amerga pada sandalan, kudune wong kanga rep melbu Kraton nganggo sepatu apa malah nyeker sisan. Nanging, sakliyane kuwi uga kudu nganggo kalung srempang werno kuning abang kanggo pithanda kaya dhene Kertu Ijin Mlebu. Malah ana sing ngedol kanggo srempang wau datheng para pawarta berita supaya bisa mlebu ing Keraton Surakarta.
Senajan abdi dhalem lan panitiane lagi pada tata-tata, nanging wong-wong wus pada ngebaki dhalan kanggo mlebu metu pantia kang isih pada nyepakake kaperluane kanggo gawe Gunungan ing Grebeg Mulud Keraton Surakarta. Kaya pager urep wong-wong mau jejer ngiwa nengen. Nganti ora bisa kepiyak sithik-sithika babar blas. Para juru Foto senajan pada kewuhan tetep pada nekad. Sak wuse gunungan metu saka Keraton banjur Gunungan diarak nang Mesjid Agung Surakarta. Sakakehing wong mau pada ngetutake nganthi gawe macete dhalan, malah wus ana wong kang siap-siap ngrayah gunungan. Uga ana sing wus pada nunggu nang Mesjid Agung Surakarta. Malah sakdurunge didongani wus ana sing meh pada ngrayah meneh kanggo ngalap berkah.
Sakwuse diwacakake donga kanggo kewilujengan. Gunungan dadi rayahan nganti kaya perang. Ora pria ora wanita pada tengkrekan pager, pada ngrayah Gunungan. Malah ana cah cilik-cilik kang pada nangis amerga kepelenet wong kang pada rebutan Gunungan. Ora kumanan panganane, banjur pada ngrayah janur, godhong, biting, kayu lan apa wae kang ana ing rangkane gunungan. Malah larahan kang iseh patheng pececher ing sak kiwa tengene Mesjid jek pada disurut.
Kaya dene niate Ibu Ndari (40 tahun) saka Boyolali kang katon adus keringet bubar rebutan Gunungan ing ngarep Mesjid Agung, “Ben berkah lan wilujeng slamet mas. Sing penteng percaya og mas,” jlentrehe Bu Ndari kang keraya-raya ngajak putri kelorone kang katon bingah lan sumringah amerga antuk apem, kayu tungkel lan janur kang disinggahake kanthi rapet. Amerga yen nganthi ngerti wong liya bakal direbut maneh.
Senajan rebutan gunungan wus bubaran, nanging ing ngarep Kraton Surakarta kang ditatani nganggo janur kaya wong ndue gawe kae. Ora kales saka wong kang pada ngrayah. Kaya dene Ngatmo (56 tahun) saka tlatah Klaten, “Aku lagi pisan iki nang sekaten mas, ning rencanane tahun ngarep yen dawa umurku bhakal budhal maneh. Panjalukku supaya bisa wilujeng slamet wae mas.” Jarene Ngatmo karo nguwel-uwel janur.
Kapercayan marang apa-apa kang bisa pareng berkah kaya dene kang wus dadi rebutan ing Gunungan Grebek Mulud iku mau hanamung lantaran. Amergo intine Sekaten ora liya kajaba kanggo mengeti dina lahire Kanjeng Nabi Muhammad SAW, lan kang bisa paring berkah lan kesaenan ora ana liya kajhaba Gusti Allah Kang Murbehing Dumadi. Mekaten.
Ahmad Yasin Abdullah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Absen dl y,,

 
;