SEKATEN, BAKDHONE WONG DAERAH


Sekaten kang minongko sawijining ritual budoyo kang ajeg dipun pengeti kalian Keraton Surakarta Hadiningrat iku sejatine wus dipun pengeti saking jamanipun Sultan Syah Alam Akbar Jumbun Sirullah Brawijaya (Raden Patah) ing tlatah Demak. Dene sajeroning waktu sakmeniko Raden Patah ngedekake Mejid Demak kang dipun pimpin langsung kalian Walisongo kang rampung ing tahun 1403 soko. Mejid iku banjur diagem kangge mengeti dinten kelahiranipun Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW kang umumipun dipun kenal kang kasebat Maulid Nabi. Kanthi pertandho dipun tabuhe gamelan pinongko sawijining caro lantaran kanggo syiar lan dakwah kanthi ngginakaken tunggangan sosial budoyo kang dipun cedhaki. Sebab Raden Patah tansah nyadari bileh segenep masyarakat taseh remen lan nggemari gamelan. Pramilo kagem ngalestarekaken budoyo sekaten ing tanggal 5-12 bulan rabingulawal (dinten lahiripun Kanjeng Nabi Muhammad SAW) kang luhur puniko Kraton Surakarta taseh ngelajengaken budaya sakmeniko. Senajan to Solo meniku kondangipun Islam Kabangan nanging malah biso mengeti dinten kelahiranipun Nabi Agung Muhammad kanthi meriah sanget koyo kang biso dipun tingali ing Sekaten sakmeniko.
Artosipun Sekaten dipun terangaken dadi rong perangan yoiku Kaping setunggal, injih meniko kalih kalimat keseksen kagem ngeyakini kalih bab ingkang leres, yaiku; Shahdat Tauhid kang tegese kemantepaning manah dhateng kamanunggaling Gusti “LAILLAHAILALLAH” artosipun ora ono sesambahan densinembah kacobo Gusti Allah. Lajeng, Shadatan Rosul = kamantepaning manah kalian utusanipun Allah yaiku “Muhammadar Rasulullah” bilih yekti Muhammad iku utusanipun Allah. Ingkang kaping kaleh sakmeniko “Skhotaini” kang tegese nggadahi budi pakerti kang becik kelawan sekabehaning menungso lan nindakaken ngibadah dumatheng gusti Allah. Ugo saged dipun artosi ngilangaken watak kewan lan watak setan kang tansah nggoda lan njlomprongake manungso marang tumindak kang mboten trapsilo.
Gamelan Kyai Guntur Sari kang dipun cawesaken ing bangsal kidul engkang dipun tabuh kapisanan kanthi gending “Rambu” kang artosipun “Robbuna” tegese Allah kang kawulo sembah. Gamelan Kyai Guntur Madu kang dipun cawesake ing bangsal lor kanthi gending “Rangkung” saking boso arab “Raukhun” tegesipun jiwo kang agung. Puncak pengetan sekaten utowo Grebeg Mulud yoiku tepak ing 12 rabingulawal lajeng dipun medhalaken sepasang gunungan 9 jaler lan estri. Perlambang kemakmuran kang dados hajadipun dalem Sinuhun Pakubuwono lan awujud syukur dumatheng Pengeran Kang Moho Agung kagem sedoyo lumebering nikmat lan rahmad ingkang dipun pusataken ing Mesjid Agung Kraton Surakarta. Supados sageto dipun pendhet hikmahipun kagem sedoyo rakyat supados sageto memayu hayuning bawono “Rohmatanlil’alamin” kasejahteraan kagem jagad semesta alam. Nglurusaken engkang mbengkong, ngleresi ingkang klentu, lan paring nur cahyo kagem sedoyonipun ingkang peteng ndedhet.
Miturut panjelasane KRMH Satrio Hadi Negoro salaku ketua pelaksana maleman sekaten, sejatine sekaten iku mau asline mung 7 dino. Hananging ing wedal sakmeniko Sekaten ora mur kanggo mengeti adat, hananging ugo kanggo peningkatan ekonomi lan doyo tarik pariwisata. Mulone wedale dipun longgarake. Koyodene dakwahe Walisongo kang biso ngrebut atine rakyat saknuswantoro tanpo ono setetes geteh kang ngregeti bumi pertiwi meniko. Pramilo pengetan Sekaten iki ugo ngugemi welingipun Ngarsodhalem, bileh Sekaten angsal dipun kelola kanthi professional minongko tetep njogo kawulo alit supados biso ndatengaken rejeki. Pramilo stan utowo papan kanggo dhagangan dipun toto dadi rung perangan yoiku ing Pagelaran kagem pedagang kang nduweni modal gedhe lan ing Alun-alun kagem pedagang kang modalipun alit. Reginipun stan inggih meniko maneko warno wiwit saking satus seket ewu rupiah nganthi rong yuto rupiah. Mulo ing sekaten sakmeniko rakyat tumplek blek dadi siji koyo dhene Bakdho. Amergi sekaten sakmeniko sejatine Bakdhonipun tiang daerah. Ingkang bebakulan ugo saged marsudi daganganipun. Lan ingkang badhe mlampah-mlampah ora mung maningali gleger kang rame hananging tansah eling marang Kanjeng Nabi kang minulyo. Amergi tunggangan budoyo kagem dakwah lan syiar meniko taseh dipun uri-uri koyo dene gamelan mlebet mesjid, gamelan mboten dipun tabuh sakjeroning dino jum’at amergi jum’at meniko dinten kangge ngibadah, lan symbol-simbol sekaten kang tansah biso ngelingake sedoyo pengunjung marang Gusti kang murbehing dumadi. Saklentunipun sekaten ugi saged paring tambah pemasukan kagem PAD (Pendapatan Anggaran Daerah) saking retribusi tontonan lan parkir. Amergi Sekatenipun Surakarta benten kalian Sekatenipun Ngayogyakarta kang dipun sengkuyung kalian APBD hananging rego stanipun larang sanget. Sekaten teng Solo mboten dipun sengkuyung APBD hananging regi stanipun cumandhak marang sedoyo kalangan. Mekaten.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Absen dl y,,

 
;